Senin, 07 November 2016

PASRAH PENGANTEN KAKUNG

PASRAH PENGANTEN KAKUNG Assalamu’alaikum Wr. Wb. Dumateng Bapa Setu ingkang minangka sulih salira Bapa Kampret sarimbit, ingkang winengku ing pakurmatan. Mugi sih wilasaning Gusti Alloh SWT kaganjar dumateng panjenengan sumrambahipun dumateng para tamu sadaya. Keparengna kulo matur wonten ngarsa panjenengan, awit kula sinaraya Bp Sukir sekalian saperlu matur sawetawis wonten ngarsa panjenengan. Hamiwiti atur kula ingkang sepisan, lumantar kula Bp Kampret sekalian atur salam wilujeng katur dumateng Bapa Sukir sekalian, kanthi wasilah Assalamu’alaikum Wr.Wb. mugi mangke kaaturna. Atur kula ingkang angka kalih, kula sampun kasembadaning karya hanganti penganten kakung saking tlatah Alengko diraja, tumuju hing sangajenging wiwaraning pahargyan kanthi wilujeng nir hing sambe kala. Reh dene penganten kakung pun Bagus Rahwana sampun kula sowanaken wonten ngarsa panjenengan, kulo suwun panjenengan kersa hanampi kanthi bingah katarimah ing manah. Bab kalaksananing sedya badhe kapahargya penganten sekalian kulo pasrahaken dumateng panjenengan, sinartan puji donga mugi Gusti Alloh SWT kepareng paring kanugrahan dumateng penganten sekaliyan anggenipun badhe hamemangun balewisma. Atur kula ingkang angka tiga, dene Bapa Kampret sekaliyan anggenipun sowan wonten ngarsanipun Bapa Sukir sekaliyan bebasan namung badhe hangraketaken pasedherekan, pramila Bapa Kampret sekaliyan ngaturaken tali asih ingkang kathahipun mboten kepareng kaaturaken, menika kinarya sarana ngraketaken pasedherekan lan bebesanan. Ingkang angka sekawan, bilih Bapa Kampret sekalian mbenjing ing dinten Jemuah Kliwon surya kaping2 Suro tahun je, watawis tabuh8 dalu badhe hanindakaken pahargyan ngunduh penganten, lumantar kula Bapa Kampret sekaliyan hangaturi Bapa Sukir sekaliyan, mugi keparenga hanglarapaken penganten sekaliyan wonten hing Alengka diraja. Ingkang pungkasan, hambok bilih sakmangke pahargyan hing wanci siang menika sampun paripurna, Bapa kampret sekaliyan ngaturaken nyuwun pamit, mugi pinaringan rahayu slamet anggenipun kondur dumugi dalemipun piyambak-piyambak. Hing wasana kulo piyambak dalah sapangombyong, ngrumaosi anggen kula matur wonten kiranging tatakrami saha nalingsiring kasusilan ingkang njalari kirang renaming penggalih, kasuwun halapang jaja angluberaken agunging samodra pangaksami, hing wasana Wallohul mufafiq ila aqwami tariq wassalamu’alaikum wr.wb.