Ilmu, Agama, dan Budaya
sesarengan sinau babagan agami, sosial, budaya, lan tansah ngupaya supados migunani tumrap sesami
Selasa, 17 Maret 2020
PENDIDIKAN AGAMA ISLAM - ppt download
PENDIDIKAN AGAMA ISLAM - ppt download: PENGERTIAN Usaha untuk memperkuat iman dan ketakwaan terhadap Tuhan Yang Maha Esa, sesuai dengan ajaran Islam, bersikap inklusif, rasional dan filosofis dalam rangka menghormati orang lain dalam hubungan kerukunan dan kerjasama antar umat beragama dalam masyarakat untuk mewujudkan persatuan nasional (UU No. 2 Tahun 1989).
Senin, 05 Agustus 2019
pendidikan karakter keluarga muslim
- Hadi SantosoUniversitas Nahdlatul Ulama Surakarta
Abstract
Pendidikan sangat mempengaruhi iman, takwa, akhlak, ilmu seseorang dalam kehidupannya, pendidikan yang baik membentuk manusia yang berakhlak baik, berbudi mulia, bermanfaat bagi dirinya maupun lingkungannya. Karakter tersebut tidak didapatkan dengan instan, tapi melalui melalui proses yang panjang dan dukungan baik dari dalam diri maupun dari luar diri seseorang siswa.
Keluarga muslim adalah keluarga yang dimulai dari perkawinan antara laki-laki dan perempuan melalui proses akad nikah atas dasar kerelaan untuk melestarikan keberlangsungan manusia di muka bumi, dan memelihara agama, jiwa, akal, dan harta.
Pembinaan karakter keluarga muslim menurut pendekatan sosiologis adalah bentuk pendekatan untuk membina karakter keluarga muslim melalui gejala-gejala sosial yang timbul di masyarakat berdasarkan syari’at Islam untuk menanamkan norma dan kebiasaan perilaku keluarga muslim, sehingga menjadi keluarga yang sakinah, mawadah, warohmah. Pendekatan sosiologis tersebut meliputi ekspresi budaya, pengetahuan dan keterampilan, pengawasan sosial, standar hidup, kontak dari kelompok tertentu, mobilitas sosial.
Kata Kunci : Pendidikan, Keluarga, Karakter.
Minggu, 15 April 2018
PAMBIWARA LUGAS
PAMBUKA
Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Kula nuwun,
Rinengga manis
aruming pambudi, sinubo ing pakurmatan datan ninggal ing kautaman
Para pinisepuh,sesepuh ingkang hanggung mastuti dateng pepoyaning
kautaman ingkang satuhu kinurmatan
Para baraya wirayata,
para pangemban pangembating praja ingkang mingka dados pandam pandoming kawulo
dasih ingkang pantes sinudarsono. Para tamu sinedahan
kakung saha putri, ingkang winengku hing pakurmatan.
Hawit dahat guguping manah
kula hing wanci siang menika, dene kula ingkang kadawuhan dening Bapa WAKIJAN sekalian, ingkang saperlu
hambiwaraaken hanggenipun hanampi nugraha gung, kepareng hangentas pitulus
putra hingkang mijil putri, ingkang hasesilih Rr NUNUNG INDRIYATI ingkang sampun tinangsulan reh sataning agami saha nagari kalian Bg
MUKLIS
ARIFIN, admaja kakungipun Bapa Almarhum DARTO WIYONO KALIAN Ibu Darsih ingkang pidalem hing Talun Rt 03/6 Karang Bangun, Matesih, Karanganyar kalebet wewengkon KARANGAYAR,
kala wau enjing tabuh 07.00 mapan wonten ing wisma
pahargyan NIKMAT RASA kanthi wilujeng nir baya nir hing sambekala
Keparengna langkung rumiyin, pambiwara
hangaturaken pambagya wilujeng menggah rawuh panjenengan sadaya.
Salajengipun pambiwara badhe maosaken
rancanganing lampah lampah, ingkang sampun karakit para sutresna budaya hing
wanci siang menika
Hingkang kanti menika dumateng kadang
panata pita laras, mugi hangaturaken ungeling Ketawang Mijil Wigaringtyas, laras pelog patet nenem, sumangga.
(Ktw Mijil Wigaringtyas, Mungel)
Alhamdulillah, Alhamdulillahi robbil “alamin, wabihi nasta’inuhu
‘ala umuriddunya wad din.
Ashadu anla ilaha ilalloh wah dahula syarikalah
Wa anna muhamadan abduhu warosulluh
Allohuma sholi ala sayidina muhammadin, wa’ala alihi, wa shohbihi aj
ma’in
wamin ayatihi ankholakolakum min angfusikum azwajal litas kunu
ilaiha waja 'ala bainakum mawadda tau warohmah. Inna fi dzalika la ayati
llikoumya tafakkarun. Amma ba’du
Robbis rohli sodri wayasirli amri, wah lul u’datambilisani yafkahu
kaulihi
Para tamu sinedhahan kakung saha
putri ingkang winengku hing suka basuki
Minangka purwakaning atur, langkung
rumiyin sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken hangaturaken puja hastawa
puji hastuti, syukur panuwun ingkang tanpa pepindhan, konjuk hing ngarsa dalem
Gusti Alloh Ingkang
Maha Kuwaos,
bilih hing wanci siang menika, panjenengan sadaya saha kula, saged manunggil
wonten hing wisma pahargyan NIKMAT
RASA kanthi wilujeng nir baya nir hing sambekala.
Dene nugraha hingkang sampun
kapatedhakaken meniko, sumangga sesarengan dipun tampi, satemah saged
hanentremaken swasana, lahir temusing batos.
Para tamu kakung saha putri ingkang
bagya mulya
Lampahing tatacara hingkang sepisan, mijiling temanten putri saking panti busana ingkang kakanthi dening Ibu Marsudi. Sasampunipun
temanten putri satata lenggah wonteng ing kursi rinengga, tumuli bidaling utusan pamethuking temanten kakung, nyuwun keparengipun Bp. Tusimin.
Sasampunipun penganten kakung rawuh kalajengaken tatacara pasrah panampi, Ingkang
masrahaken Bp. Amar Ma’ruf, ingkang kasumbul
dening Bp Rohmad saha Bp Agus Waskitha Ingkang hanampi pasrahing temanten
kakung Bp. Mustakim, ingkang kasumbul sawurinipun dening Bp.Paino saha Bp.
Domiri
Tataraca ingkang angka kaleh,
tatacara PANGGIHING TEMANTEN, ingkang
samangke bade kpratitisaken dening Ibu Marsudi
saha Ibu Sukesi.sasampunipun panggih tumuli binoyong lenggah hing
palenggahan piniji.tumuli hangacarani rawuhipun besan sakulawarga, hanggenipun
mertuwi putra ingkang kapahargya hing
wanci siang menika, samangke kapratitisaken deng Bp Tusimin
Besan sampun satata
lenggah, temanten sarimbit tumuli nyuwun tambahing donga pangestu, ugi winastan
tatacara sungkeman.
Tatacara ingkang angka tiga nun ninggih mauidhoh hasanah ugi
winastan ular” penganten kalajengaken pandonga, ingkang samangke nyuwun keparengipun Bapa Muhammad Nasir, kalajengaken pambagya harja wilujeng rawuh para tamu sadaya ingkang
samangke nyuwun keprengipun Bapa Tusimin
ingkang kasumbul sawurinipun dening Bp. Sugiman saha Bp.
Ponijan
Wondene hingkang pungkasan, paripurnaning pahargyan, hing wanci siang
menika
Mekaten para tamu, rancanganing lampah
lampah, pahargyan dhaupipun Rr NUNUNG INDRIYATI kaliyan Bg MUKLIS ARIFIN, mugi wiwitan, tengahan, saha pungkasan, Gusti Alloh hingkang maha Agung
tansah paring pangayoman……..rahayu hingkang sami pinanggih, nuwun…………….
1.
NGACARANI PENGANTEN PUTRI LENGGAH
Para tamu kakung saha putri, hingkang utami hing budi.
Sasampunipun pambiwara maos rancanganing lampah lampah, bilih
sasmita ingkang kula tampi saking pangarsaning pahargyan, penganten putri
hanggenipun ngagem busana, ngadi sarira, mulas wadana sampun kepareng
paripurna. Tumuli daya kalenggahaken wonten hing palenggahan rinengga. Penganten
putri kakanthi dening Ibu Marsudi lan tumuju hing unggyan piniji,
kinurmatan ungeling ketawang Sekartejo,
larasipun slendro menyura, sumangga.............
Sakedhik rumpaka
Katingal wonten cahya sumunar
saking katebihan, inggih sunaring penganten putri, yo genduk NUNUNG INDRIYATI ingkang mijil
saking panti busana, ya panti piningit.
Katingal lonlonan anggennya
lumaksana, kebak hing pangati-ati, hawit emut pangandikanipun para nata, Rum
Kuncaraning Bangsa dumunung haneng luhuring budaya.
Penganten putri kakanthi
dening Ibu Marsudi saha Ibu Sukesi. Heninging cipta namung
nyenyuwun wonten ngarsanipun Gusti Alloh Ingkang
Maha linangkung, mugi hanurunaken wahyuning palakrama sajuga dumateng penganten sekaliyan.
Katingal laju genya
lumaksana tumuju hing unggyan ingkang sampun piniji, daya lenggah kanthi
hanggana raras,,,,,,,,,mangkana sigeging rumpaka.
BIDALIPUN UTUSAN METHUK PENGANTEN KAKUNG
Para tamu kakung putri ingkang winengku hing pakurmatan.
Sasampunipun penganten putri kalenggahaken hing palenggahan rinengga
kanti hanggana raras, tumuli kalajengaken tatacara bidaling utusan
methuk penganten kakung hing panti palereman, wondene ingkang rinesaya ingkang
kinurmatan Bapa Tusimin, bidalipun Bapa tusimin kkinurmatan ungeling
ayak-ayakan larasipun pelog barang,,,,, sumangga
Ayak”an suwuk
para tamu kakung saha putri
ingklang bagya mulya, kasembadan lulus raharja, bidaling utusan pamethking
penganten kakung tumuju hing panti palereman.
Wondene menawi hing mangke
penganten kakung sampun kepareng rawuh, tumuli kalajengaken tatacara pasrah
panampi, wondene Ingkang hanampi pasrahing temanten kakung Bp.
Mustakim, ingkang jumenengipun kasumbul sawuri dening Bp.Paino saha Bp.
Domiri. Ingkang kanthi menika sumangga kulo dherekaken nyaket panyora swara
Rawuhipu penganten kakung kinurmatan ungeling Ladrang wilujeng larasipun
pelog barang, sumangga....
Nyandra RAWUHIPUN PENGANTEN KAKUNG
Sampun
kapireng ungeling LadrangvWilujeng larasipun pelog patet batang, minangka
pakurmatan rawuhipun penganten kakung sapanganrak daya manjing hing madyaning
pahargyan.
Lanlanan nggennya lumaksana dipun pangarsani
dening Bapa Ma’ruf katingal nggennya
lumaksana kebak hing pangati-ati.
Penganten kakung hangagem busana kaunggulaning
busana, katingal pating galebyar pating calorot, pindha kartika harebut papan.
Katingal saya caket nggenya lumaksana daya manjing
hing madyaning pahargyan, mangkana sigeging rumpaka.
Ldr wilujeng suwuk
Para tamu kakung saha putri, pangarsaning lampah
Bp, Ma’ruf sampun kepareng hanyaket
panyora swara, tumuli hamasrahaken penganten kakung, ingkang kanthi menika kulo
sumanggakaken,,,,sumonggo
Pasrah
Pasrah penganten tumuli katampi dening Bapa Mustakim ingkang kanti menika kula sumanggakaken,,,sumangga
Panampi
Para tamu kakung saha putri
Tatacara pasrah panampi sampun kalampahan kanthi wilujeng, kalis
rubeda kalis hing sambekala.
Salajengipun
penganten badhe hanindakaken tatacara panggihing penganten, Kasuwun hanganthi
penganten putri Ibu Marsudi saha Ibu Sukesi, ingkang kasuwun
hanganthi penganten kakung Bapa Paino saha Bapa Domiri, nyawisaken ubarampe
pangggih ibu Arista, ingkang ngasta beri isi slindur Rara Lia Ambar
Sari
Ingkang
kasuwun hamanggihaken penganten Ibu Arista
Para
tamu kakung saha putri, panggihing penganten kabiwardha embaning gangsa denda gede yo kodok ngorek,,,,,
sumangga
Rumpaka Panggih
Sampun kapireng embaning gangsa kodhok ngorek
yasan ndalem Panembahan senopati hing Mataram, minangka pakurmatan dumateng
penganten sarimbit, sampun kepareng jengkar saking palenggahan penganten putri,
saya hanyaket hing unggyan piniji, hing unggyan piniji sampun samapta abon
aboning upacara, katingal kambang kambang kumambanging sekar tri puspa arane.
Tri telu puspa kembang, kembang telu cacahe, mawar
melati miwah kanthil, katingal saya caket nggennya lumaksana, temanten tumuli
apagut tingal, tempuking pandulu catru netra linambaran budi luhur, sakala
wonten daya pangaribawa ingkang tumanduk dumateng penganten sarimbit.
Tumuli penganten kakung katingla kumlawe
astanipun, hambalang gantal tumuju hing jaja, tumuli penganten putri gumanti hambalang
kaeneraken tumuju hing jengku, ingkang mengku pasemon, pratandha bektinipun
penganten putri pring guru rabi.(kasingkep slindur)
Pambiwara kendel, sasampunipun penganten kasingkep
slindur
BESAN RAWUH MERTUWI
Para tamu kakung putri hingkang winengku hing suka
basuki, tatacara panggih sampun kasembadan kanthi lulus raharjo, tumuli hanampi
rawuhipun besan dalasan para kulawarga, ing wekdal menika katemben lerem hing
panti palereman.
Wondene hingkang kasuwun hangacarani, nyuwun
keparengipun bapa Tusimin sekaliyan.
Menawi mangke besan sampun kepareng rawuh, kasuwun
ngaturi jumenengipun ingkang hamnegku gati bapa Mustakim, rawuhipun besan sak
kulawarga kinurmatan ungeling Ldr. Tirtokencono, sumangga.
Besan sampun rawuh
Para tamu kakung saha putri, hing ri kalenggahan
punika, kadang besan saha para kulawarga sampun kepareng rawuh manjing hing
madyaning pahargyan, tumuli tangkep asta manunggaling rasa, daya kaderekaken
lenggah hing palenggahan piniji.
Wondene ingkang kasuwun hangaturi lenggahipun para
kulawarga, kulo sumanggakaken dumateng pata hamong tamu sak cekapipun,
sumangga.
SUNGKEMAN
Para
tamu sinedhahan kakung saha putri
Sasampunipun tatacara ing ngayun kalampahan, tumuli penganten
sekaliyan badhe nyuwun tambahing donga pangestu, hanggenipun badhe lumebet
wonten hing alaming bebrayan agung
Wondene
ingkang kasuwun mratitisaken lampahing tatacara
sungkeman menika, nyuwun keparengipun Ibu Sukadi, saha Ibu _______________,
Tatacara
sungkeman menika, kinurmatan ungeling ladrang Ladrang
Sriwidodo,
sumangga………….
Para tamu
kakung saha putri
Sampun kepareng
jengkar saking palenggahan piniji penganten sarimbit, daya ngrungkepi
pepadaning ingkang Rama saha Ibu.
Katingal sesedhokan
hanggenya nyaket Rama saha Ibu, hawit emut duk rikala tasih timur, tansah
ginunggung dateng pepoyaning kautaman.
Katingal kebak subasita lan tatakrama.
Tamgkeping asta
sumembah hing jengku tengen, sineratan heninging cipta rumasuk hing sanubari.
Nalika samana
ingkang Rama mirsani pepadanira penganten putrid kawijil pangandikanipun, duh ngger bocah ayu NUNUNG INDRIYAT kowe tak kudang, tak pondong, tak lelo lelo, nalika
isih timur.
Dene gegayuwanku
muga-muga kowe mbesuk dadiya wanita kang bekti marang kakungmu, keblat
panembahmu marang Gusti kang Akarya Loka, uga bekti marang mara tuwamu kang
paring rasa mulya marang sliramu.
Nini……tak rewangi
paribasan ngurangi mangan lan turu, dadiya tapa brataku, kowe mbesuk dadiya
wanita, Pati Brata Darma. Lire….., wanita kang bisa njaga sucining babahan hawa
sanga, setya mring kakung, ing donya tumekeng ndelahan.
Wijiling
pangandika kanthi hangelus-elus pamidhangane, winiwir-iwir rikmane kanthi kebak
tresna lan asih gennya hanampi sungkemipun ingkang putra penganten.
Penganten
sarimbit mirengaken pangandikanipun ingkang rama, katingal hangalumpruk pindha
kapuk, katingal waspa mijil deleweran hanelesi busananira, katingal teles kebes
kumes kekes rumasuk ing balung sungsume penganten.
Penganten
sarimbit jegreg pindha tugu sinukarta, daya rerantan tumuli lenggah hing
palenggahan rinengga,
Mangkana sigeging
rumpaka.
Ular
ular terus pandonga
Salajengipun para tamu kakung saha putri, tatacara ingkang
salajengipun nun ninggih tatacara mauidhoh hasanah, ular ular penganten kalajengaken pandonga,
ingkang kapiji nun ninggih Bapak Muhammad Nasir,
ingkang kanti menika kulo sumanggakaken, sumonggo,,,,,,,,,,,,
Ular” Rampung
minangka jangkeping subasita lan tatakrama, Bapa Wakijan sekaliyan tumuli badhe
manembrama rawuh panjenengan sadaya, ing kalenggahan menika kersanipun Bapa Wakijan badhe matur piyambak wonten
ngarsanipun para tamu sadaya, hanamung awit bombonging manah pramila Bapa Wakijan mboten kuwawi matur piyambak,
pramila awit saking menika ngresaya keparengipun Bapa Tusimin. Jumenengipun Bapa Tusimin kasumbul
sawurinipun dening Bapa Sugiman saha Bapa Ponijan.
Wondenen ingkang kasuwun mratitisaken jumenengipun penganten
sekaliyan kahapit hapit dening rama saha ibu, kulo sumanggakaken dumateng Bapa Ibu Mustakim
Murih kasembadaning sedya kula sumanggaken ingkang sampun piniji,
sumonggo……
Pambagya harja
Mekaten para tamu kakung saha putri, haturipun Bapa Wakijan sekaliyan, ingkang sampun
dipun salirani dening Bapa Tusimin.
PUNGKASAN
Para tamu kakung saha putri, bilih sasmita ingkang kula tampi saking
pangarsaning pahargyan, pahargyan hing wanci siang menika sampun ndungkap
paripurna, wondene ingkang kasuwun hanjengkaraken penganten sarimbit, nyuwun
keparengipun Bp/Ibu Tarmuji sekaliyan, kadherekaken ingkang
sami bebesanan, tumuju hing sangajenging wisma pahargyan, saperlu tangkep
asta kaliyan para tamu miwah nguntapaken konduripun para tamu sadaya.
Jengkaring Penganten Kinurmatan Ungeling Ladrang Tedhak Saking,
Laras Pelog Patet Barang, Kalajengaken Ladrang Gleyong Laras Pelog Pathet
Nenem, Sumangga.
Para tamu kakung saha putri, kula ingkang kadhawuhan hambiwarakaken
lampahing tatacara, nglenggana kathah atur kula ingkang mboten handamel
sarjuning panggalih panjenengan sadaya, awit saking punika kula nyuwun
lumunturing samodra pangaksama.
Kunduripun para tamu kinanthenan hasesanti, gangga gangga tri
gangga, durga mendak kala sirna, hayu hayu rahayu ingkang sami pinggih.
Wa Allohu Al Muwafiq
Illa Aqwami At- thoriq
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Senin, 07 November 2016
PASRAH PENGANTEN KAKUNG
PASRAH PENGANTEN KAKUNG
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Dumateng Bapa Setu ingkang minangka sulih salira Bapa Kampret sarimbit, ingkang winengku ing pakurmatan. Mugi sih wilasaning Gusti Alloh SWT kaganjar dumateng panjenengan sumrambahipun dumateng para tamu sadaya.
Keparengna kulo matur wonten ngarsa panjenengan, awit kula sinaraya Bp Sukir sekalian saperlu matur sawetawis wonten ngarsa panjenengan.
Hamiwiti atur kula ingkang sepisan, lumantar kula Bp Kampret sekalian atur salam wilujeng katur dumateng Bapa Sukir sekalian, kanthi wasilah Assalamu’alaikum Wr.Wb. mugi mangke kaaturna.
Atur kula ingkang angka kalih, kula sampun kasembadaning karya hanganti penganten kakung saking tlatah Alengko diraja, tumuju hing sangajenging wiwaraning pahargyan kanthi wilujeng nir hing sambe kala. Reh dene penganten kakung pun Bagus Rahwana sampun kula sowanaken wonten ngarsa panjenengan, kulo suwun panjenengan kersa hanampi kanthi bingah katarimah ing manah.
Bab kalaksananing sedya badhe kapahargya penganten sekalian kulo pasrahaken dumateng panjenengan, sinartan puji donga mugi Gusti Alloh SWT kepareng paring kanugrahan dumateng penganten sekaliyan anggenipun badhe hamemangun balewisma.
Atur kula ingkang angka tiga, dene Bapa Kampret sekaliyan anggenipun sowan wonten ngarsanipun Bapa Sukir sekaliyan bebasan namung badhe hangraketaken pasedherekan, pramila Bapa Kampret sekaliyan ngaturaken tali asih ingkang kathahipun mboten kepareng kaaturaken, menika kinarya sarana ngraketaken pasedherekan lan bebesanan.
Ingkang angka sekawan, bilih Bapa Kampret sekalian mbenjing ing dinten Jemuah Kliwon surya kaping2 Suro tahun je, watawis tabuh8 dalu badhe hanindakaken pahargyan ngunduh penganten, lumantar kula Bapa Kampret sekaliyan hangaturi Bapa Sukir sekaliyan, mugi keparenga hanglarapaken penganten sekaliyan wonten hing Alengka diraja.
Ingkang pungkasan, hambok bilih sakmangke pahargyan hing wanci siang menika sampun paripurna, Bapa kampret sekaliyan ngaturaken nyuwun pamit, mugi pinaringan rahayu slamet anggenipun kondur dumugi dalemipun piyambak-piyambak.
Hing wasana kulo piyambak dalah sapangombyong, ngrumaosi anggen kula matur wonten kiranging tatakrami saha nalingsiring kasusilan ingkang njalari kirang renaming penggalih, kasuwun halapang jaja angluberaken agunging samodra pangaksami, hing wasana Wallohul mufafiq ila aqwami tariq wassalamu’alaikum wr.wb.
Langganan:
Postingan (Atom)
